Purwakanthi asale saka tembung "purwa" tegese wiwitan lan "kanthi"
tegese nggandheng/ nganggo. Purwakanthi tegese nggandheng kang kasebut ing
wiwitan, dene kang digandheng iku swarane, utawa aksarane lan bisa uga
tetembungane. Panemu liya ngandhakake, purwakanthi yaiku aksara, swara utawa
tetembungan kang padha ing sajroning ukara. Ing basa Indonesia diarani bunyi,
sajak utawa rima.
Purwakanthi kaperang dadi telu:
a. Purwakanthi guru swara
Yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasaning tembang.
Tuladha:
- Sing jujur bakal mujur, sing cidra bakal cilaka. (padha swara "ur" lan "a")
- Sing ora cepet, ora bakal ngliwet. (pada swara "et")
b. Purwakanthi guru sastra
Yaiku puwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben
wiwitane wanda utawa tetembungane.
Tuladha:
- Saben seba saratane slendhang sampur. (padha aksara "s")
- Kanthong kula kothong kantun kalih ewu. (padha aksara "k")
c. Purwakanthi guru basa utawa lumaksita
Yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
Tuladha:
- Bayem arda, ardane ngrasuk busana. (padha tembunge "arda")
- Rujak kawis, rujake wong ireng manis. (padha tembunge "rujak")

Tidak ada komentar:
Posting Komentar